Ireng
lan Putih
Dolanananku biyen ora kaya jaman
saiki, sing serba larang lan canggih. Uripku ya ora kaya anak- anakku saiki,
aku ngalami pahite urip merga aku wong ora dhuwe, wong cilik, adik-adiku padha
melu sedulur merga bapakku ora gelem ngopeni, mbokku wis ora ana wet aku cilik.
Aku melu mak lek sing tak akoni simak, aku ora tau ngerasake sekolah iku kaya
apa, mangan enak iku kaya apa, aku mung bisa ngerasakake sega jagung. Aku
njaluk marang gusti ing maringi pangaurip” muga anak-anakku ora ngerasakake
urip sengsoro kaya aku ngene”. Saben
sore aku angon kebo ing sawah iku ya
kebone wong, yen awan uga kuli ning kebon/sawahe wong, aku mung duwe kebo siji.
siji sing tak ileng-ileng ora bakal tak laliake nalika aku dienyek marang wong
sing kebone tak angon iku. Marang omongane.
“ Dasar wong kere, wong glandangan, angon kebo
ora bener, nganti kebone loro, perasamu kebo iku murah apa!” karo aku di jenturke marang wit glugu.( batinku nangis, aku ra wani
ngelawan, aku wedi). Aku pancen wong
melarat!. Kaya ngene rasane dadi wong melarat. Di enyek-enyek wong lan ora
diregani.” Ya allah gusti kaya ngene temen rasane dadi wong melarat”. Saiki aku
mung angon kebo siji, aku wis ora angon kebone pak dawut maning.
Nalika sore-sore aku mulih saka sawah bare
angon kebo, aku di pabak mak lek.
”Di ,,, kene lungguh di”
“ Ana apa mak lek, ko tumben
sumpringah”, saurku.
“ Saiki ta umurmu wis dewasa, piye
yen tak juduhake karo Casiyem”.
“ Alah mak lek iki, aku iku wong
cilik, sedangkan Casiyem iku wong mulya”.
“Ya ora apa-apa tha! Wong aku ya wis
ngomong karo mboke Casiyem ko, jarene malah terserah Casiyem.”
“Mak lek iku ngisin-ngisinke aku.”
Aku
dijodohake marang Casiyem, keturunan wong sugih, uripe mulya lan jaya.
Nalika kuwi aku ora gelem merga aku wong ora dhuwe uga ora dhuwe simak, aku
wedi yen bebojonan karo Casiyem malah ora diregani, nanging bulek meksa.
” Koe meh milih bojo kaya apa? Casiym
iku gelem karo koe senajan koe wong cilik, wong melarat”,aku mung meneng.
Aku mung bisa pasrah lan manut karo mak lek,
merga mak lek sing tak akoni simak, aku ngormati mak lek sing ngopeni aku, tapi
aku durung bisa mbales apike sampean. “Gusti paringana aku rejeki supaya bisa
mbales mak lek”.
Wis meh sewindu aku brayan karo Casiyem,
Casiyem uga meteng, aku dhuwe unen-unen, aku pingin anak wadon rupane putih lan
duwur. Selasa iki aku ora lunga ing kebon, merga Casiyem wetenge loro, banjur
aku ngundang dukun bayi, ora let suwe dukun bayi iku mlebu, oek...oek...oekk!
banjur aku mlebu, bayi iku di bopong dukune, banjur di wake aku, langsung tak
adani. Lahire bayi wadon sing rupane putih iku sesuwai panjalukku, aku dhadi
ngerti menawa gusti allah kuwi maha adil, gusti allah krungu panjaluke aku.
Merga Casiyem wis duwe anak, digawekake umah dening simake Casiyem, aku uga ora
penak wong lanang kok ngandelke bondone bojo lan mertuwa. Keboku tak didol
terus tak tukukake lemah, saben dina aku ning kebon maculi lemah kuwi banjur
tak tandhuri polowija. Hasil saka polowija kuwi tak dumpulke nganti bisa kanggo
tuku lemah maning lan seteruse kaya iku. Setiap rung tahun Casiyem ngelahirke
bayi, saiki aku dhuwe anak 5. Merga anakku wis radha gedhi- gedhi, dhuwite tak
dumpulake kanggo sekolah anak-anakku, senajan aku ora sekolah, anaku ya men
pada sekolah kabeh, prinsipe aku!, anak kudhu luweh dhuwur pendidikane saka
wong tuane.
Saiki anaku 7, uripku yo rodo mapan wis ora
kaya biyen maning. Yen sore anakku sing iseh cilik pada ngerewangi aku ning
kebon, ana sing nyirami terong, ana sing ngundo tomat, tanah kuwi tak tandhuri
polowija, lah sing gedhi pada ngerewangi mboke. Rung tahun kepungkur lahir
maning bayi lanang saka casiyem, rupane putih lan gedhi. Let pirang dina caiyem
kok loro, wengi iku Casiyem lagi turu ing patidhur banjur tak parani tapi kok
ora obah-obah. Banjur tak emek nanging kok ora ana ambekane. Aku undang- undang
anakku banjur pada marani, salah siji anakku ana sing ngundang simbahe (maene
Casiyem).” Anakku sing paling tua, mlayu- mlayu karo njerit-njerit.
” Mbah ...mbah cepet reneyo mbah”
“ Ana opo tha, ko nganti keringetmu
kaya wong macul”
“ Ayo mbah cepet neng umahku”.
Banjur wis tekan kamar mertuwaku ngemek-emek
Casiyem, meso bae ora ambekan, anak-anakku pada nangis nggembor-nggembor, aku
ya ndarung lemes ora bisa apa-apa. Wong-wong pada teka niliki Casiyem, namung
casiyem ora bisa apa-apa mung nglonjor karo merem. Anakku 8 ditinggal Casiyem menyang alam kang bedha,
pemakaman sing ngurusi simbahe anak-anakku, aku ora bisa apa-apa mung ngalamun
mikirake Casyem lan anak-anakku,” gusti kenapa kebahagiyaanku sak mene tok,
durung suwe aku ngerasakake iki, kenapa nyawane Casiyem di jukut”. Nggrentes
batinku, yen weruh anakku cilik-cilik ditinggal mboke kanggo selawase.
Dina-dina tak lakokake tanpa Casiyem,
aku mung bisa kerja, kerja lan kerja kanggo nyukupi kebutuhane
anak-anakku lan kanggo biyaya sekolah.
Pirang taun kapungkur anak-anakku wis duweni mbok, ora ketang mbok
tiri. Gusti allah maringi anak aku 3 maneh saka rahime bojoku sing saiki,
panjalukku ya, anak-anakku uripe mulya lan tentrem ora ana sing padhu. Pirang
taun kapungkur bojoku sing saiki ora adil marang anak-anaku sing 8, anakku sing
8 di siya-siya lan ora diopeni kaya sing anak 3. Tak delokke apa karepe, pancen
yen mbok tiri ya kaya ngunu mung mikiri anake kandung. Sawijining wengi aku lan
bojoku padu.
” Kenapa kowe kok mbedakake
anak-anakku sing 8”.
“ Sing mbedakake sapa? Anakmu ya
padha anakku”
“ tapi nyatane koe ora adil karo
anakku sing 8, kowe rak ya mboke, ya aja ngunu tha, aku mbojo karo awakmu ya
men anak-anakku ana sing ngopeni.”
“ lah iku ya wis tak openi.”
Bojoku ora ngakoni yen dheweke salah,
apa kabeh yen ibu tiri iku pancen ngunu ya? Muga muga wae ora selamane
kelakuwane kaya ngunu.
Anakku sing karo Casiyem wis
padha gedhi-gedhi, wis padha sekolah,
sing mbarep ya uga wis dhuwe bojo, sing ragil ya wis kulia, bungah atiku bisa
nyekolahke anak-anakku senajan aku ora tau ngerasakake sekolah. Aku ya ngomong
karo anak sing nomer 2.
“ Didek adi-adimu sing bener Mus”
“ Inggeh pak”
“ Aja nganti ana sing ora bener”.
Anak-anaku wis pada mentas, wis pada
dhuweni bojo, ana sing dadi bojone guru, ana sing dadi bojone tentara, wis lah
pokoke aku bungah, ora siya-siya aku kerja, apa sing tak alami aku biyen ora
nurun marang anak-anakku, ya muga-muga kanggo selamane. Anakku ya uga ngerti
apa sing tak alami biyen, mula padha priyatin. Sing neng umah mung aku, bojokku
lan anaku sing 3. Mben dina aku niliki anak-anakku sing wis pada dhuwe umah,
anakku sing ragil melu mbak yu ne sing pertama amerga ora seneng karo mboke
sing saiki. Aku menyang ning umahe anakku sing pertama, iseh pada nonton tipi,
ning kunu pada andar-andaran lan guyonan aku ya uga melu.
“ Remen ra pak tiang 3 menika”, omonge Wasti (anakku
pertama).”
“ Seneng ning opo? Ya seneng wong ora loro”, saurku.”
“ Inggeh remen, lah mboten wonten larene bapak ingkang mapan
wonten griyane bapak.”
“Ya ora ngunu, wis lah ora usah ngurusi mbok mu, iku
urusanku, mengko aku sing ngandhani”.
Anakku pada ora seneng marang mboke saiki, merga ladhak
lan yen ngomong ora ngenekke ati.
dening: ira pergiwo wati