KABUDAYAN
Tembung kabudayan asale saka tembung lingga budaya oleh
ater – ater ka- lan panambang -an. Tembung budaya kadadeyan saka pamore
bu + daya. Wuwuhan bu ateges sipat utawa kahanan. Tuladhane kayata:
Bupet
: sipat utawa kahanan kang pepet (ora bolong), barabudhur : pamore
tembung bara (biara) + bu + dhuhur : tegese : biara (wiara, klooster)
kang asipat dhuwur( luhur) .
Wondene tembung daya ateges budi (lumrah
kasaroja dadi muni budidaya), nalar angen – angen panemu. Budaya ateges
sipating budi, sipating nalar, utawa sipating angen- angen. Mungguh
sipating budi utawanalar (angen – angen) iku jer diulah kanthi pangudi
bisa mahyakake kaweruh lan kagunan warna – warna kang diarani kabudayan.
Mula tembung kabudayan ya banjur ngemu teges wohing budaya, wedaring
nalar utawa angen – angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah
lakuning budaya utawa akal budi.
Saka lepasing lakune akal budi utawa
nalare manungsa, mahanani ing donya iki akeh kaweruh lan kagunan warna –
warna kayata : agama, kaweruh teknik, tetabuhan utawa musik (gamelan)
tembang , joged,lan liya – liyane. Kabeh iku mau diarani kabudayan.
Babaring
pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku pantoge
nganti tekan bab – bab kang alungremit, nganti ora gampang ninrajang ing
kelairan, ora kasatmata dinulu ing netra walaka. Saweneh ana golongan
kang darbe panemu menawa agama iku ora kalebu kabudayan yaiku golongane
wong – wong kang padha darbe piandel (keyakinan) yen agama iku anane ing
marcapada marga saka peparinge (diturunake) dening Gusti Allah dadi
dare piandel menawa agama iku dudu gaweyane manungsa.
kapetik saka: kangsura.blogspot.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar