JOKO BODHO
MENYANG NGAYOGYAKARTA
“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono
wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko
Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke
dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing
tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha
Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit
dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku
klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana
sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong
nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki
pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo
padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex
menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk
karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar
karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene.
Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh
menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene
numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana
panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko
Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke
was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur,
amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana
jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen
dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka
Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho
durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki?
Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk,
dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”.
“Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?”.
“Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho
Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging
wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten
Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun
sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang
branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang
Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora
ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe
tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?.
Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko
Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe
ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah
Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati,
yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki
maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe
kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun
Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo
Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter
wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane
toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik
motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur
ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak
kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”.
“Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu
mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi
bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti
ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan
ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen
blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene
mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan
mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep
ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak
ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah
ngendulak-ngenduluk
kapetik saka: Blog pada WordPress.com.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar