Rabu, 08 Januari 2014

cerkakku



Ireng lan Putih

Dolanananku biyen ora kaya jaman saiki, sing serba larang lan canggih. Uripku ya ora kaya anak- anakku saiki, aku ngalami pahite urip merga aku wong ora dhuwe, wong cilik, adik-adiku padha melu sedulur merga bapakku ora gelem ngopeni, mbokku wis ora ana wet aku cilik. Aku melu mak lek sing tak akoni simak, aku ora tau ngerasake sekolah iku kaya apa, mangan enak iku kaya apa, aku mung bisa ngerasakake sega jagung. Aku njaluk marang gusti ing maringi pangaurip” muga anak-anakku ora ngerasakake urip sengsoro kaya aku  ngene”. Saben sore aku angon kebo ing sawah  iku ya kebone wong, yen awan uga kuli ning kebon/sawahe wong, aku mung duwe kebo siji. siji sing tak ileng-ileng ora bakal tak laliake nalika aku dienyek marang wong sing kebone tak angon iku. Marang omongane.
 “ Dasar wong kere, wong glandangan, angon kebo ora bener, nganti kebone loro, perasamu kebo iku murah apa!” karo  aku di jenturke marang  wit glugu.( batinku nangis, aku ra wani ngelawan, aku wedi).  Aku pancen wong melarat!. Kaya ngene rasane dadi wong melarat. Di enyek-enyek wong lan ora diregani.” Ya allah gusti kaya ngene temen rasane dadi wong melarat”. Saiki aku mung angon kebo siji, aku wis ora angon kebone pak dawut maning.
 Nalika sore-sore aku mulih saka sawah bare angon kebo, aku di pabak mak lek.
”Di ,,, kene lungguh di”
“ Ana apa mak lek, ko tumben sumpringah”, saurku.
“ Saiki ta umurmu wis dewasa, piye yen tak juduhake karo Casiyem”.
“ Alah mak lek iki, aku iku wong cilik, sedangkan Casiyem iku wong mulya”.
“Ya ora apa-apa tha! Wong aku ya wis ngomong karo mboke Casiyem ko, jarene malah terserah Casiyem.”
“Mak lek iku ngisin-ngisinke aku.”
Aku  dijodohake marang Casiyem, keturunan wong sugih, uripe mulya lan jaya. Nalika kuwi aku ora gelem merga aku wong ora dhuwe uga ora dhuwe simak, aku wedi yen bebojonan karo Casiyem malah ora diregani, nanging bulek meksa.
” Koe meh milih bojo kaya apa? Casiym iku gelem karo koe senajan koe wong cilik, wong melarat”,aku mung meneng.
 Aku mung bisa pasrah lan manut karo mak lek, merga mak lek sing tak akoni simak, aku ngormati mak lek sing ngopeni aku, tapi aku durung bisa mbales apike sampean. “Gusti paringana aku rejeki supaya bisa mbales mak lek”.
 Wis meh sewindu aku brayan karo Casiyem, Casiyem uga meteng, aku dhuwe unen-unen, aku pingin anak wadon rupane putih lan duwur. Selasa iki aku ora lunga ing kebon, merga Casiyem wetenge loro, banjur aku ngundang dukun bayi, ora let suwe dukun bayi iku mlebu, oek...oek...oekk! banjur aku mlebu, bayi iku di bopong dukune, banjur di wake aku, langsung tak adani. Lahire bayi wadon sing rupane putih iku sesuwai panjalukku, aku dhadi ngerti menawa gusti allah kuwi maha adil, gusti allah krungu panjaluke aku. Merga Casiyem wis duwe anak, digawekake umah dening simake Casiyem, aku uga ora penak wong lanang kok ngandelke bondone bojo lan mertuwa. Keboku tak didol terus tak tukukake lemah, saben dina aku ning kebon maculi lemah kuwi banjur tak tandhuri polowija. Hasil saka polowija kuwi tak dumpulke nganti bisa kanggo tuku lemah maning lan seteruse kaya iku. Setiap rung tahun Casiyem ngelahirke bayi, saiki aku dhuwe anak 5. Merga anakku wis radha gedhi- gedhi, dhuwite tak dumpulake kanggo sekolah anak-anakku, senajan aku ora sekolah, anaku ya men pada sekolah kabeh, prinsipe aku!, anak kudhu luweh dhuwur pendidikane saka wong tuane.
 Saiki anaku 7, uripku yo rodo mapan wis ora kaya biyen maning. Yen sore anakku sing iseh cilik pada ngerewangi aku ning kebon, ana sing nyirami terong, ana sing ngundo tomat, tanah kuwi tak tandhuri polowija, lah sing gedhi pada ngerewangi mboke. Rung tahun kepungkur lahir maning bayi lanang saka casiyem, rupane putih lan gedhi. Let pirang dina caiyem kok loro, wengi iku Casiyem lagi turu ing patidhur banjur tak parani tapi kok ora obah-obah. Banjur tak emek nanging kok ora ana ambekane. Aku undang- undang anakku banjur pada marani, salah siji anakku ana sing ngundang simbahe (maene Casiyem).” Anakku sing paling tua, mlayu- mlayu karo njerit-njerit.
” Mbah ...mbah cepet reneyo mbah”
“ Ana opo tha, ko nganti keringetmu kaya wong macul”
“ Ayo mbah cepet neng umahku”.
 Banjur wis tekan kamar mertuwaku ngemek-emek Casiyem, meso bae ora ambekan, anak-anakku pada nangis nggembor-nggembor, aku ya ndarung lemes ora bisa apa-apa. Wong-wong pada teka niliki Casiyem, namung casiyem ora bisa apa-apa mung nglonjor karo merem. Anakku  8 ditinggal Casiyem menyang alam kang bedha, pemakaman sing ngurusi simbahe anak-anakku, aku ora bisa apa-apa mung ngalamun mikirake Casyem lan anak-anakku,” gusti kenapa kebahagiyaanku sak mene tok, durung suwe aku ngerasakake iki, kenapa nyawane Casiyem di jukut”. Nggrentes batinku, yen weruh anakku cilik-cilik ditinggal mboke kanggo selawase. Dina-dina tak lakokake tanpa Casiyem,  aku mung bisa kerja, kerja lan kerja kanggo nyukupi kebutuhane anak-anakku lan kanggo biyaya sekolah.
Pirang taun kapungkur  anak-anakku wis duweni mbok, ora ketang mbok tiri. Gusti allah maringi anak aku 3 maneh saka rahime bojoku sing saiki, panjalukku ya, anak-anakku uripe mulya lan tentrem ora ana sing padhu. Pirang taun kapungkur bojoku sing saiki ora adil marang anak-anaku sing 8, anakku sing 8 di siya-siya lan ora diopeni kaya sing anak 3. Tak delokke apa karepe, pancen yen mbok tiri ya kaya ngunu mung mikiri anake kandung. Sawijining wengi aku lan bojoku padu.
” Kenapa kowe kok mbedakake anak-anakku sing 8”.
“ Sing mbedakake sapa? Anakmu ya padha anakku”
“ tapi nyatane koe ora adil karo anakku sing 8, kowe rak ya mboke, ya aja ngunu tha, aku mbojo karo awakmu ya men anak-anakku ana sing ngopeni.”
“ lah iku ya wis tak openi.”
Bojoku ora ngakoni yen dheweke salah, apa kabeh yen ibu tiri iku pancen ngunu ya? Muga muga wae ora selamane kelakuwane kaya ngunu.
Anakku sing karo Casiyem wis padha  gedhi-gedhi, wis padha sekolah, sing mbarep ya uga wis dhuwe bojo, sing ragil ya wis kulia, bungah atiku bisa nyekolahke anak-anakku senajan aku ora tau ngerasakake sekolah. Aku ya ngomong karo anak sing nomer 2.
 “ Didek adi-adimu sing bener Mus”
“ Inggeh pak”
“ Aja nganti ana sing ora bener”.
Anak-anaku wis pada mentas, wis pada dhuweni bojo, ana sing dadi bojone guru, ana sing dadi bojone tentara, wis lah pokoke aku bungah, ora siya-siya aku kerja, apa sing tak alami aku biyen ora nurun marang anak-anakku, ya muga-muga kanggo selamane. Anakku ya uga ngerti apa sing tak alami biyen, mula padha priyatin. Sing neng umah mung aku, bojokku lan anaku sing 3. Mben dina aku niliki anak-anakku sing wis pada dhuwe umah, anakku sing ragil melu mbak yu ne sing pertama amerga ora seneng karo mboke sing saiki. Aku menyang ning umahe anakku sing pertama, iseh pada nonton tipi, ning kunu pada andar-andaran lan guyonan aku ya uga melu.
“ Remen ra pak tiang 3 menika”, omonge Wasti (anakku pertama).”
“ Seneng ning opo? Ya seneng wong ora loro”, saurku.”
“ Inggeh remen, lah mboten wonten larene bapak ingkang mapan wonten griyane bapak.”
“Ya ora ngunu, wis lah ora usah ngurusi mbok mu, iku urusanku, mengko aku sing ngandhani”.
Anakku pada ora seneng marang mboke saiki, merga ladhak lan  yen ngomong ora ngenekke ati. 

dening: ira pergiwo wati

geguritan



IBU

Ngapura.... Ngapura lan Ngapura
Aku dhurung bisa nyenengake atimu
Aku dhurung bisa gawe guyu lambemu
Aku dhurung bisa gawe bangga ning atimu
Aku dhurung bisa berkorban kanggo ibu

Ibu ...... ibu ....... ibu

Ngapura kanggo banyu sing tumetes saka mripat mu
Ngapura aku durung bisa ngilangake beban sing ning pundhakmu
Ibu matur sembah nuwun kanggo pangorbananmu
Matur sembah nuwun kanggo sakabehane
Ibu . ..  .

dening: ira pergiwo wati

CERKAK



JOKO BODHO MENYANG NGAYOGYAKARTA

“Joko…..Joko, wis rampung aduse durung!”
“Durung Pakdhe, lha…cepet-cepet ana apa tha Pakdhe?”. Saking Pakdhe Darsono wis wanyel karo Joko Bodho, Pakdhe Darsono ora jawab pitakone Joko Bodho. Joko Bodho sing tenang-tenang kawit mau ora ngerti maksude Pakdhene kok deweke dokokon cepet-cepet aduse. Bubar adus Joko Bodho banjur nemoni Pakdhene sing tenguk-tenguk ana ngemper omah lagi jagongan karo Pak Burhan.
“Ana apa tha Pakdhe, kok sajake wong meh ketinggalan sepur wae tha Pakdhe?”. “Wo…alah…le..le..bocah paling lelet dhewe. Ana…..apa…ana…apa kawit dek mau. Lha kowe ora ngerti tha dina iki jarene arep menyang Malioboro tuku klambi anyar dienggo bagdan. Wis tak tunggu malah lelete….Masyaallah….paringana sabar!”. “Wo….iyo…yo..Pakdhe nuwun sewu aku lali tha Pakdhe!”. “Uwis gawe wong nunggu saiki njaluk duwit sewu karepmu iku apa tha le..!!!!”. “Pakdhe niki pripun tha aku iku njuluk pangapura boten nuwun duwit sewu!”. “Yo…wis…wis ayo padha mangkat silak ketinggalan sepur mengko!”.
Joko Bodho karo Pakdhene menyang stasiun Solo Balapan numpak sepur Paramex menyang stasiun sing cedhak kara Malioboro. Saben wong mbayar 10000 lagi enthuk karcis lan bias numpak sepur. Pakdhe Darsono ora duwe pilihan kudu mbayar karcise Joko Bodho amarga deweke ora ngawa duit amarga dikesusukake Pakdhene. Bubar entuk karcis Joko Bodho karo Pakdhene nungggu ana kursi. Ora ana sepuluh menit sepur sing arep menyang Yogya teka. Mbanjur Jaka Bodho lan Pakdhene numpak neng sepur, saking wakehe uwong Joko Bodho kara Pakdhene mlencar ana panggonan bedha.
Bubar enthuk panggonan Pakdhe Darsono lagi eling yen dheweke kelangan Joko Bodho. Banjur dheweke goleki Joko Bodho ana ing gerbong-gerbong sepur. Dheweke was-was yen Joko Bodho didhuke ana ing dalan amarga ora duwe karcis sepur, amarga karcis sepure digawa Pakdhene.
Bedha karo Jaka Bodho, dheweke malah enak-enakan turu semenden ana jendelane sepur bubar enthuk panggonan sing kepenak. Dheweke ora krasa yen dheweke pisah kara Pakdhene. Kernete wis njaluki karcis sepur, nanging Jaka Bodho tetep wae turu malah nganggo ngorok. Kernet sepur ngerti Joko Bodho durung mbayar, banjur nangekake Jaka Bodho. Jaka Bodho kaget, “Ana apa iki? Lagi kepenak turu malah diganggu!, wis…ngaliha kana aku arep turu maneh ngatuk, dhek wingi aku randha nganti bengi, aku isih ngantuk!”. “Wo..alah….mas-mas…njenengan niku dereng mbayar , pundhi karcis sepure?”. “Waduh………waduh… mas..mas karcise digawa kara Pak…dhe…..ku!” omonge Jaka Bodho Karo nduding kursi sebelahe, nangging sing neng sebelahe ora pakdhene nangging wong liya. “Pundhi mas Pakdhe jenengan, napa niki?”. “Mboten…mboten kula mboten Pakdhene mas niki, kula niku Mahasiswa ajeng sekolah menyak Yogya!!!”. “Nuwun sewu mas darakake njenengan niki Pakdhe kula?”. Raine Joka Bodho langsung abang branang amarga kisinan, mbanjur kernet sepur njaluk maneh karci sepure menyang Joko Bodho. Joko Bodho binggung piye carane mbayar karcis lha wong dheweke ora ngawa duwit. Joko Bodho karo kernete padha sesumbar sing ora jelas, nganti anggawe tontonane wong akeh.
Pakdhe Darsono ngerti wong rame-rame ana apa, banjur ditekano ana apa tha?. Mbareng wis chedak dheweke ngerti yen bocah gedhe duwur iku ponakane Joko Bodho. Mbanjur dheweke nekani lan ngomong apa tha masalahe nganti polahe ponakane kuwi ngawe tontona sak sepur. “Iki ana apa tha?”. “Allhamdullilah Pakdhe tasih urip tha?”. “Bocah ora ngerti aturan, aku dikirane wis mati, yo..wis tak tinggal maneh wae!”. “Ampun…ampun Pakdhe kula mboten ngomong niki maleh”. “Yo….wis ana apa iki padha rame-rame neng kene?”. “Ngenten lho pakdhe kernet niki nyuwun karcis kalih kula, lha kula khan mboten gadah karcisipun Pakdhe”. “Yo wis iki mas karcise aku karo ponakanku”. “Nggih pak matur nuwun”.
Mung siji setengah jam wae sepure wis tekan ana stasiun cedhak karo Malioboro. Joko Bodho karo Pakdhene banjur mudhuk lan mlaku ara ana 500 meter wis teka ana Malioboro.
Teka Malioboro Joko Bodho ndelok-ndelok klambi ana ing toko lan eperane toko akeh sing dodolan klambi apik-apik. Joko Bodho kepincut karo klambi batik motif kembang dicampur manuk merak warnane ijo rada biru. Dheweke mbajur ngamong Pakdhene yen dheweke kepingin klambi kuwi.
“Pakdhe kula nuwun klambi niku nggih”. “Yo wis ndang cepet dibungkus silak kesoren, kowe yo during tuku kathok karo sepatu sandal dienggo solat id tho?”. “Inggih Pakdhe, njenengan niku moten pelit-pelit sanget”. “Dadi aku kudu mbayari klambi, kathok, karo sepatu sandalmu. Masyaallah… nuwun sabar ngadepi bocah koyo ngene”. “Yo….iya..thak mbayari neng mengko tekan ngomah duwitku diganti ya?”. “Inggih Pakdhe pasti niku”.
Bubar Joko Bodho rampung blanja keperluane, mbanjur pakdhene ngajak mangan ana restoran padang. Neng kono Joko Bodho mangan akeh banget saking kekeselen blanja menyang Malioboro. Telung piring Jaka Bodho enthek mangan, Pakdhene mbatin rugi tenan yen ngajak Joko Bodho lunga. Pakdhene ngumun blanja lan mangane Jaa Bodho wis enthek wolungatusewu. Pakdhene kapok-kapok tenek aro arep ngajak lunga Joko Bodho maneh. Pokokke kapok…kapok tenan, pantesan wae bapak ibune njenengi anake Joko Bodho, lha uwonge koyo kebo sawah ngendulak-ngenduluk

kapetik saka: Blog pada WordPress.com.

Senin, 06 Januari 2014

KABUDAYAN

KABUDAYAN

Tembung kabudayan asale saka tembung lingga budaya oleh ater – ater ka- lan panambang -an. Tembung budaya kadadeyan saka pamore bu + daya. Wuwuhan bu ateges sipat utawa kahanan. Tuladhane kayata:
Bupet : sipat utawa kahanan kang pepet (ora bolong), barabudhur : pamore tembung bara (biara) + bu + dhuhur : tegese : biara (wiara, klooster) kang asipat dhuwur( luhur) .
Wondene tembung daya ateges budi (lumrah kasaroja dadi muni budidaya), nalar angen – angen panemu. Budaya ateges sipating budi, sipating nalar, utawa sipating angen- angen. Mungguh sipating budi utawanalar (angen – angen) iku jer diulah kanthi pangudi bisa mahyakake kaweruh lan kagunan warna – warna kang diarani kabudayan. Mula tembung kabudayan ya banjur ngemu teges wohing budaya, wedaring nalar utawa angen – angen, babaring pambudidaya, wohing pangulah lakuning budaya utawa akal budi.
Saka lepasing lakune akal budi utawa nalare manungsa, mahanani ing donya iki akeh kaweruh lan kagunan warna – warna kayata : agama, kaweruh teknik, tetabuhan utawa musik (gamelan) tembang , joged,lan liya – liyane. Kabeh iku mau diarani kabudayan.
Babaring pangulah lakuning budi kang banjur diarani kabudayan iku pantoge nganti tekan bab – bab kang alungremit, nganti ora gampang ninrajang ing kelairan, ora kasatmata dinulu ing netra walaka. Saweneh ana golongan kang darbe panemu menawa agama iku ora kalebu kabudayan yaiku golongane wong – wong kang padha darbe piandel (keyakinan) yen agama iku anane ing marcapada marga saka peparinge (diturunake) dening Gusti Allah dadi dare piandel menawa agama iku dudu gaweyane manungsa.

kapetik saka: kangsura.blogspot.com

UNGGAH-UNGGUH MARANG WONG TUWA





1. Menawa ditimbali kudu enggal nyedak
2. Menawa matur kudu nganggo basa krama
3. Meawa matur kudu ngapurancang
4. Menawa matur kudu nyaket
5. Menawa matur ora kena bengok-bengok
6. Menawa matur ora kena clemongan
7. Menawa ngaturi ora kena njangkar (ngudang jenenge thok)
8. Menawa lungguh bareng wong tuwa ora kena jegang utawa selonjor
9. Menawa lungguh utawa ngadek ora ngungkuri
10. Menawa nuduhake kudu nganggo jempol
11. Menawa nyuwun ora kena meksa
12. Menawa diparingi kudu matur nuwun
13. Menawa ngliwati kudu nyuwun sewu lan mbungkuk
14. Menawa ngliwati ora kena karo mlayu
15. Menawa nyaosake ora kena diuncalake
16. Menawa lunga kudu nyuwun idine
17. Menawa mangan ora kena kecap
18. Menawa glegeken kudu ditutup
19. Menawa ngguyu ora kena cekakaan
20. Menawa wong tuwa lungguh ngisor ora kena ngadek ing sacedhake
21. Menawa wog tuwa nyambut gawe kudu disuwun menawa bisa
22. Menawa wong tuwa ngasto abot kudu di gawaake
23. Menawa nyawang ora kena mentheleng
24. Menawa wong tuwa sare ora kena gawe ribut
25. Menawa didukani ora kena mangsuli
26. Menawa wong tuwa ngendikan kudu dirungoake
27. Menawa wong tuwa ngendikan ora kena di selani